Kegiatan bintalsik Smk Canda Bhirawa Pare
Tanggal 24 Agustus sekolahku ngadakne acara bintalsik (bimbingan mental dan sikap)
Dino pelaksanaane tanggal 24 Agustus kamis jam 06.30 kabeh siswa SMK canda Bhirawa Pare jurusan tpm 1-5 podo nglumpuk nek lapangan sekolah gae nglasaknakne upacara pemberian siswa cb nek brigif wira yuda mari upacara kabeh siswa di bubarne terus kabeh siswa podo salim neng bapak ibuk guru lan wong tua njaluk doa restu sak wis e saliman para siswa pada numpak mobil brigif teruss persiapan budal nek markas wira yuda panggone neng gunung klotok kediri
Sak suwene nek perjalanan akhir ee para siswa wiss teko markas wira yuda kabeh siswa modok tekok mobil sak wis ee kui di kongkon nglumpuk nek aula di wei teori lan materi bar kui wis di bubarne kabeh siswa dikongkon metu aula gaoleh mlaku biasa kudu mlaku jongkok teruss wis metu kabeh,kabeh siswa di kongkon nglumpuk nek garasi terus bar nek garasi di kongkon nek barak deleh tas kambek ganti klambi olahraga sak wis e salen kabeh di lumpukne nek lapangan mbahas tentang penghormatan bendera merah putih lan bendera mars cb seng mau arepe budal nek markas wira yuda jarene acara penghormatan pada kleru terus nek lapangan kui pada di kongkon gulung ngetan ngulon terus merayap ngetan ngulon mari kui di kongkon hormat seng bener mane arek arek panggah gaiso seng tenanan akhir ee di gulung mane ngetan ngulon.
Marii kuii di kongkon cepot sepatu terus di kongkon mlaku ngulon terus mlayu ngetan gawe sepatu aku gawe sepatu telat terus di kaplok sendal pipiku peng 5 terus di baleni mane di kongkon ngulon kabeh terus di kongkonn mlayu ngetan gawe sepatu akhir ee podo iso di kongkon gawe sepatu waktu 5 detik terus mari kui di kongkon pus up kambek sikap plank seng gaiso di gepuk ii kambek kayu terus mari kui baris di kongkon nek barak salin klambi Pramuka persiapan sholat duhur mari terus arek arek podo mlaku kambek nyanyi nuju mushola terus sak wis ee salat mbalik nek barak mangan terus mari mangan di kongkon baris nek lapangan di warai baris berbaris terus bar kui sorene ganti klambi pramuka di kongkonn sholat ashar sak wis e sholat ashar nglumpuk nek garasi mari kui di kongkon ganti olahraga bengine jelalah mubeng ii sikil ee gunung klotok.
Nek tengah alas di uji nyali di den deni setan" an aku sempet kaget mergo di get geti terus wis finish aku di gulung mergo clometan pas jelajah terus bar kui salin klambi bebas persiapan turu
Dino ke 2 isuk ee nglasaknakne senam terus awan ee jelajah mane kambek di pacak i koyok wong perang terus wis macak mlaku nek tengah alas di kongkon golek ii suara bedel terus aku lan klompokku ws nek finis terus akhir ee perang pun tiba🤣
Bar kui ados salat mangan bengine upacara api unggun terus mari api unggun di setelne lagu di kongkon joget terus nek tengah acara enek seng gelot akhir ee di kongkon gulung ngetan ngulon terus mari kui lomba yel" mari yel" salin turu.
Dino ke 3 isuk ee nglasaknakne senam terus di kongkonn salin klambi terus salat mari kui salin mane klambi olahraga di kongkon nglumpuk nek garasi mari kui enek acara outbound aku kambek bolo" boloku di kongkon lomba" seng kalah di kongkon mangan godong seng pait aku kalah pas lomba akhir ee di kongkonn mangan godong seng pait kui acarane wis bar mangan terus antri macak sak wis ee macak persiapan mulih nek SMK Canda Bhirawa Pare sak wis teko nek sekolahan acarane upacara terus penerimaan wong tua wisss barrrrrr!!!!!!
Wiss ngunu ae critoku pas bintalsikk
Wassalamu'alaikum wr.wb👍👍

Komentar
Posting Komentar